Minggu, 26 Juli 2020

Jumat, 13 September 2019

BUSANA JAWA PENGANTEN JAWA GAGRAG NGAYOGYAKARTA

BUSANA PENGANTEN GAGRAG NGAYOGYAKARTA Wekdal samangke busana penganten tradisional Jawi taksih dipunlestantunaken, jalaran kayektosanipun sanajan jamanipun sampun majeng sanger, nanging menawi ngawontenaken pawiwahan palakrama, tiyang Jawi taksih remen ngginakaken busana adat tradisional Jawi. Sareh dene panganten menika asring sinebat raja saari, pramila busananipun inggih niru busananing raja. Kejawi menika keblating kabudayan Jawi menika inggih kraton. Saderengipun jaman kamardikan, upacara dhauping pnganten menapa dene busanani]pun kajumbuhaken kaliyan drajat tuwin pangkat. Jaman rumiyin ingkang ngagem busana ingkang dipunagen ing kraton inggih namung kulawarga utawi sentananing raja. Samenika jamanipun sampun ewah gingsir, busananipun kraton samenika sampun dados darbekipun masarakat. Sinten kemawon ingkang badhe krama, badhe milih corak ageman menapa kemawon sampun boten wonten pambengipun. Busana panganten gagrag Ngayogyakarta inggih menika: 1. Busana Penganten Paes Ageng 2. Busana Penganten Paes Ageng Jangan Menir 3. Busana Penganten Yogya Putri 4. Busana Penganten Kesatriyan Ageng 5. Busana Penganten Kesatriyan 1. Busana Penganten Paes Ageng Busana Paes Ageng menika ugi dipunwastani busana basahan. Busana menika dipunagem kaliyan putra-putri Sri Sultan Hamengku Buwana wonten pawiwahan agung wonten Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Busana menika dipunagem rikala Upacara Panggih inggih menika panggihipun penganten putri kaliyan penganten kakung. Jaman samenika busana kasebat dipunginakaken wonten Upacara Panggih. 2. Busana Penganten Paes Ageng Jangan Menir Busana Paes Ageng Jangan Menir dipunagem kaliyan putra-putri Sri Sultan hamengku Buwana wonten pawiwahan agung Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Busana kasebat dipunagem ngangge Upacara Boyongan, inggih menika penganten putri dipunboyong tumuju dalemipun penganten kakung sasampunipun pawiwahan agung. Wonten ing jaman samenika, busana kasebat saged dipunagem kaliyan masarakat ugi pamarentah saking kraton ugi marenaken. 3. Busana Penganten Yogya Putri Busama Yogya Putri biyasanipun dipunagem kangge Upacara Saparan, inggih menika gangsal dinten sasampunipun Upacara Panggih. Busana penganten Yogya Putri ugi dipunwastani Busana Corak Sepasaran. Rikala jaman rumiyin, busana menika dipunagem kaliyan putra-putri Dalem rikala sanja wonten dalemipun Gubernur Walanda inggih menika dinten kaping gangsal dumugi tigang dasa gangsal sasampunipun Upacara Panggih. 4. Busana Penganten Kesatriyan Ageng Busana Penganten Kesatriyan Ageng dipunagem rikala resepsi wonten pawiwahan. Busana Kesatriyan Ageng nggadhahi sipat radi resmi. Busana kasebat ugi dipunagem kaliyan Ngarsa Dalem kaliyan putra-putri Pangeran wonten ing surya kaping 20 dalu wulan Maulud. Busana Penganten Kesatriyan Ageng ugi dipunwastani Busana Malem Selikuran. 5. Busana Penganten Kesatriyan Busana Penganten Kesatriyan dipunagem rikala resepsi wonten pawiwahan. Busana menika busana ingkang paling prasaja ugi nggadhahi sipat boten resmi. Busana menika dipunagem kangge Upacara Boyongan. sumber: https://regitajune97.wordpress.com/2015/02/28/busana-pengantin-tradisional-yogyakarta/.

Selasa, 08 Agustus 2017

Yo pra kanca dolanan neng jaba Padhang bulan padhange kaya rina Rembulane ne sing ngawe-awe Ngelingake aja turu sore-sore Yo pra kanca yo padha mrenea Rame-rame neng kene suka-suka Langite padhang sumebar lintang Yo padha dolanan sinambi cangkriman

Selasa, 09 Mei 2017

Tugas digarap neng kertas.wacana saka modul materi Bima Bungkus 1. Golekana tembung sing dianggep angel lan ditegesi saka bausastra! 2. Sapa wae paraga ing crita wayang Bima Bungkus? 3. Kepriye watake saben paraga? 4. Kapan lan nengdi wae carita Bima Bungkus? 5. Alur apa sing digunakake carita Bima Bungkus? 6. Golekana piwulang saka Carita Bima Bungkus! 7. Critakna maneh nganggo basamu babagan carita Bima Bungkus! 8. Apa wae sing ana nalika pagelaran wayang kulit?

Minggu, 16 April 2017

TUGAS SISWA KELAS X

SADAYA TUGAS/JEJIBAHAN PILIHAN GANDA KALIYAN ANDHARAN, DIPUNGARAP WONTEN KERTAS FOLIO

Selasa, 11 April 2017

TUGAS KANGGE PREINAN UN KANGGE KELAS X IPA LAN X IPS SMAN 15 SEMARANG SEMESTER GENAP TAHUN PELAJARAN 2016/2017

TUGAS/KAJIBAH DIPUNGARAP WONTEN KERTAS FOLIO LAN DIPUNKEMPALAKEN NALIKA PASINAON BASA JAWA 1. Siswa nggarap pendadaran materi TETEDHAN TRADHISIONAL SAKING modul DAMAR 2. PITAKON ANDHARAN a. Apa sing diarani tembung rangkep? b. Apa sing diarani tembung dwipurwa? Wenehana 5 tuladha! c. Apa sing diarani tembung dwilingga? Wenehana 5 tuladha! d. Apa sing diarani tembung dwiwasana? Wenehana 5 tuladha! e. Wajik duweni pralambang apa? f. Jadah digawe saka apa? g. jadah duweni pralambang apa? h. Golekana tuladha tetedhan tradisional! i. Gawea paragraf dheskripsi ngengingi TUMPENG! j. Tumpeng duweni pralambang apa?